Sat Aug 08 2020 02:18:11 GMT-0500 (Central Daylight Time (Mexico))

This commit is contained in:
bahasatech.indotengah 2020-08-08 02:18:12 -05:00
parent 60d60f0938
commit eb2386195d
5 changed files with 60 additions and 2 deletions

View File

@ -1 +1 @@
35Mulane pada meleka, yen kowe ora bakal ngerti kapan bae majikane nek arep balik--bisa barmahrib, bisa wengi-wengi, bisa uga wektu subuh, bisa uga srenge ngene wis mletek. 36Mbok nganti majikane bali, kowe aja agi pada turu. 37Apa sing diomongna aring kowe, tak omongna uga aring wong akeh, karepku sing pada ngati-ati.
\v 35 Mulane pada meleka, yen kowe ora bakal ngerti kapan bae majikane nek arep balik--bisa barmahrib, bisa wengi-wengi, bisa uga wektu subuh, bisa uga srenge ngene wis mletek. \v 36 Mbok nganti majikane bali, kowe aja agi pada turu. \v 37 Apa sing diomongna aring kowe, tak omongna uga aring wong akeh, karepku sing pada ngati-ati.

52
14/01.txt Normal file
View File

@ -0,0 +1,52 @@
\c 14 Gusti Yesus diapusi
14 Rong dina maning arep dianakna riaya Paskah utawa riaya Roti Sing Ora Dirageni. Para pangareping Imam lan para ahli Toret agi pada golet dalan arep nangkep Gusti Yesus aja nganti ketara, lan rencanane arep dipateni. 2Nanging rencana kiye aja nganti dilaksanakna nang sajrone riaya Paskah, soale mengko bisa ndadekna pasulayan lan rencanane bisa gagal.
Gusti Yesus diurapi karo minyak wangi
3Nalika Gusti Yesus ana nang Betania, nang sajrone umahe Simon, sing biyen kena prenyakit kulit bahaya, terus ana wong wadon teka maring deweke. Wong wadon mau nggawa lenga wangi sing larang regane, lengawangi mau digawe saka bahan oyod wangi. Wektu Gusti Yesus agi nyjagong lan mangan, wong wadon mau mecah botole, terus lenga wangine diusapna maring sirahe Gusti Yesus. 4Wong-wong sing pada nang kana jengkel, pada celatu. apa sih gunane yen lenga wangi sing larang reganekoh diboros-borosna?
5Lenga wangi mau bisa didol sing larang banget, lewih saka 300 duit perak, lan duite bisa dibagigna maring wong mlarat. Mulane wong mau jengkel banget maring wong wadon sing nduweni lenga wangi.
6Nanging Gusti Yesus ngomong, “Jorna baelah! Kena ngapa sih repot-repot padahal wong wadon kae nglakokna penggawean sing apik, pegaweane terpuji banget tumrape nang Aku. 7Wong mlarat mesti ana bae, yen kowe sudi ya enggal ditulungana, nanging aku ora selawase bisa bareng-bareng karo kowe kabeh. 8Wong wadon mau wis nyiapna apa bae, deweke wis nyiapna lenga wangi sing tujuane kanggo ngubur aku, sadurunge wektune kedadeyan. 9Ngan del baelah nang seluruh alam dunya, kabar keslametan saka Gusti Allah salawase dikabaraken, lelakone wong wadon sing mlarat mau kena kanggo contonang sapadane urip.
Yudas setuju nglomboni Gusti Yesus
10Yudas Iskariot, kuwe salah sijine murid Gusti Yesus sing ngianati, antarane kaping rolas murid mau, nunggu maring omahe para Pangareping Imam sing tujuane arep maeka maring Gusti Yesus. 11Bareng krungu omonge Yudas, dheweke seneng banget, aweh janji arep menehi duit akeh maring Yudas. Sanalika kuwe Yudas molaih nggolet kesempatan anggone gawe jalaran.
Gusti Yesus dhahar mangan Paskah
karo murid-muride
12Awal dina riaya Roti Sing Ora Dirageni, wektu wong nyembeleh wedus sing arep kanggo ngrayakna Paskah, murid-muride takon maring Gusti Yesus, “Kierane nang ngendi kanggo mangan riaya Paskah kusus kanggo Gusti?”
13Gusti Yesus prentah maring murid loro mau, “ìlungao maring kota, nang kana ana wong lanang nggawa kendi sing ingsine banyu kan ketemu. Tutna baelah. 14nek wis tekan umah kono, ngomong bae aring sing duwe umah, “Pak Guru takon, nang ngendi tempate Gusti lan murid-muride anggone arep pada mangan Paskah.” 15Wong mau nidokna maring kowo papan panggonan nang nduwur, tempate sing lega, lan tempat mau wis rapih uga lenkap prabote. Kaben mau wis disapna kanggo deweke kabeh.”
16Terus muride Gusti Yesus sing loro lunga neng kota, nang kana a pa sing diomongna nang Gusti Yesus wis ana kabeh. Terus deweke nyediakna panganan sing arep kanggo pesta Paskah.
17Wengine Gusti Yesus teka karo murid-muride sing jumlahe rolas mau. 18Wektu muride agi pada mangan, Gusti Yesus ngomong, “Rungokna kabeh, salah sijune muridku agi pada mangan nang kene kiya ana sing tegal banget pitnah maring Aku.
19Krungu omongan mau, murid-muride Gusti Yesus dadi trenyuh, terus antara murid siji lan liyane takon maring Gusti Yesus, mestine dudu aku sing dituduhna nang Gusti.
20Gusti Yesus semaur, “Salah sijine antarane muridKu sing rolas mau sing agi maem barng karo Aku. 21Pencen Anake Gusti bakal lunga ngeterpi sing ketulis nang Kitab. Nanging wong sing ngianati Anake Gusti bakal cilaka banget. Sabenere lewih becik yen wong mau ora dilairna nang alam ndonya.”
Bujano Suci
22Waktu deweke agi pada mangan, Gusti Yesus njiot roti lan ndonga maring Gusti Allah. Terus Gusti Yesus mecah-mecah rotine nanggo tangane lan diwenehna maring murid-muride karo ngomong, “Jioten roti kiye terus panganen, kiye sabenere awaku.”
23Sawise roti dipangan, Gustine njiot gelas diiseni anggur lan dibagi-bagina maring muride, terus Gusti Yesus ndonga ngucap syukur maring Gusti Allah. Terus muride kabeh nginum anggur mau.
24Sawise Gusti Yesus ngomong, “Sabenere getihku kiye getih sing kanggo ngesahna perjanjian karo Gusti Allah. Yakuwe getih sing diwutahana kanggo wong akeh. 25Ngandel bae marang Aku yen Aku ora bakal nginum anggur kiye maning nganti wektune Aku nginum anggur sing anyar nang sajerone kratone Gusti Allah.”
26Terus muride kabeh pada nembang tembang kidung, lan bareng wis rampung nembang, murid-muride pada lunga maring bukit Zaitun.
Nubuat bahwa Petrus akan nyangkal Gusti Yesus
27Terus Gusti Yesus ngomong maring murid-murid, “Kowe kabeh bakal mlayu ninggalna Aku” jalan nang sajroning Kitab Injil wis katulis: “Aku arep nggebag pangone, lan wedus-esduse pada bubar.” 28Nanging sawise Aku ditangekna, aku bakal ndisiki kowe kabeh menyang tanah Galilea.”
29Petrus banjur ngomong: “Senajan kabeh pada ninggalna Gusti, nanging aku ora bakal.”
30Gusti Yesus ngomong, “Wengi kiye, sadurunge jago kluruk ping loro kowe bakal nyelaki/ngiyanati aku ping telu.”
31Petrus nyauri, “Ben aku mati bareng-bareng Gusti, aku ora bakal ora ngakoni Gusti.
Murid-murid liyane uga ngomong kaya kuwe.
Gusti Yesus ndedonga ing Getsemani
32Bareng pada tekan panggonan sing jenenga Getsemani, Gusti Yesus ngomong maring murid-muride, “Njagong kene bae sawektu/sawentara aku ndonga.”
33Terus Gusti Yesus ngajak Petrus, Yakobus lan Yohanes diajak lunga bareng-bareng Gustine. Deweke krasa wedi lan gemeter. 34“Atiku kiye sedih banget nganti rasane kaya arep mati, pada tinggal nang kene bae lan jaga-jaga/siap siaga.”
35Gusti Yesus nggeser setitik, terus sujud meng lemah lan ndedonga, “nek bisa ora usah ngalami, nanging wektu kue bisa disingkirna.” 36Abba keng Rama, Gusti Allah, ora ana barang sing mustahil tumrape Gusti Allah. Ilangna kesengsaraan sing agi tek alami. Kuwe dudu karepku, nanging kerepe Gusti”
37Sawise kuwe Yesus mbalik lan ndeleng murid-muride agi pada turu lan ngomong maring Petrus, “Simon, apa kowe agi turu? Apa jaga-jaga sejam bae wis ora sanggup?” 38Pada ngati-ati supaya kowe kabeh ora kena/ngalami godaan. Pencen rohmu kepenging nglakoni sing apik nanging awake lemes.”
39Gusti Yesus lunga lan ndonga nganggo tembung sing pada kaya sing disit kae.
40Yesus bali maning lan ndeleng murid-muride esing pada turu, jalaran pada ngantuk banget lan ora ngerti apa sing arep diomongna maring Gusti Yesus. 41Bareng Yesus bali kaping telune banjur ngomong, “apa kowe kabeh esih pada turu lan lagi ngaso? Wis cukup/semen bae. Kiye wektuni wis teka. Ndelengi! Anake Gusti Allah wis arep diserahna maring panguwasane wong-wong sing dosa.”
42Ayo pada tangi lan lunga. Ndeleng kae, wong sing ngianati Aku wis teka!”
Gusti Yesus dicekel
43Nalika Gusti Yesus agi ngomong, Yudas salah sijine rolas muride teka bareng-bareng rombongan sing nggawa pedang lan pentungan, yakuwe utusanne para imam, ahli Toret, lan pinituwa.” 44Si tukang penghianat wis nentukna tandanei, “wong sing tak ambung kae wong sing kudu dicekel. “Dicekel bae, digawa, lan dijaga sing ketat.”
45Wektu Yudas teka, terus deweke medek maring Gusti Yesus lan ngomong “Guru” lan deweke ngambung Gusti Yesus. 46Terus wong-wong sing teka pada ngebyuk lan nyekel Gusti Yesus. 47Sala sijine wong sing ana nang kono ngunus pedange banjur nyabeti abdine Imam lan motong kupinge. 48Gusti Yesus ngomong maring wong-wong mau, “Apa kowe teka nang kene kanggo nglawan begal, pada nggawa pedang lan pentung kanggo nyekel Aku?” 49Kho ora nyekel Aku, wektu Aku karo kowe kabeh saben dina mulang ning Omah Suci. Pencen bab ini kudu dadi supaya sing ditulis ning Kitab Suci bisa kawujud.
50Para murid lan wong-wong sing karo Yesus pada ninggalna lan mlayu.
51Nalika samana ana wong nom-noman sing mung nganggo kemulan mori, terus dicekel, 52nanging mung kena kemulane, lan mlayu wuda.
Gusti Yesus diadepena Mahkamah Agama
53Gusti Yesus digawa ngadep para Imam Agung. Nang kana ana Imam Agung, Panituwa, lan ahli Toret ngumpul di situ. 54Petrus ngetutna Gusti Yesus sekang kadohan nganti mlebu nang plataran imam agung. Banjur jejagongan antarane pengawal sing cedak geni supaya anget. 55Para Iman Agung lan para penasehat nggoleti bukti-bukti sing kuat kanggo nyalahna Gusti Yesus supaya bisa diukum mati. Nanging ora bisa nemokna. 56Akeh seksi diundang kanggo kesaksian palsu nanging antara saksi sing siji lan sijine ora bisa gathuk. 57Terus antarane para keksi ana sing aweh kesaksian palsu nglawan Gusti Yesus, 58Aku wis krungu yen wong kiye ngomong, “omah ibadah gawean tangan arep tek rubuhna, lan aarep tek degna maning telung dina ora nganggo tangan.”59Nanging paseksen mau ora gathuk.
60Imam Agung ngadeg nang ngarepe wong akeh lan takon Gusti Yesus, “Apa kowe ora nana jawaban/nyauri dakwaan maring kow?
61Nanging Gusti Yesus meneng bae. Deweke ora semaur apa-apa. Terus Imam Agung takon maning, “Apa Kowe Sang Kristus, Anak Allah sing Maha Kudus/Maha Suci?”
62Gusti Yesus njawab, “Iya yan aku kiye anak sekang Gusti Allah. Kowe kabeh bakal weruh yen anake Gusti njagong nang sebelah tengene Gusti Allah sing maha kuasa lan teka sekang meganing langit.
63Imam Agung nyuwek-nywek klambine lan ngomong, “Apa esih perlu saksi?” 64Kowe kebeh wis krungu Deweke, lan apa sing diomongna ngala-ngala Gusti Allah. Siki kepriwe keputusane?
Wong kabeh wis nduwe keputusan yang Gusti Yesus iku salah, lan pantes diukum mati. 65Terus wong-wong pada ngidoni Gusti Yesus lan nutupi matane karo njotos Gusti karo ngomong, “Ayo remalna!” Para perwira mbanda Deweke lan nggebugi.
Petrus nyelaki Gusti Yesus
66Wektu Petrus esih nang ngisor plataran, banjur salah sijine wong wadon abdine imam agung nekani Petrus. 67Wong wadon mau weruh Petrus ngadeg cedeg unggun supaya anget, lan ndelok deweke lewih cedek. Terus ngomong, “Kowe uga karo wong Nasaret, Yesus?” 68Nanging Petrus ora gelem ngakoni, lan ngomong, “Aku ora kenal lan ora ngerti apa maksude omonganmu.” Terus deweke metu maring pendapa.
69Nanging wong wadon abdine imam agung sing nang kono ngomong karo wong sing ngadeg nang kono, “Wong kiye salah sajine (penderek Yesus)!”
70Nanging Petrus ora ngakoni maneh. Ora suwe wong-wong sing nang kono pada ngomong marang Petrus, “Kowe kuwe genah tunggale sebab kowe wong sekang Galilea!”
71Nanging Petrus mulai nyupatani lan sumpah: “Aku ora wawuh karo wong sing dimaksudna nang kow.” 72Wektu kuwe jago kluruk ping pindone. Banjur Petrus kelingan marang omonge Gusti Yesus marang deweke, “Sadurunge jago kluruk ping pindo, kowe wis orang ngakoni kenal aku ping telu.” Banjur nangis senggruk-senggruk.

3
14/26.txt Normal file
View File

@ -0,0 +1,3 @@
Gusti Yesus diapusi
14 Rong dina maning arep dianakna riaya Paskah utawa riaya Roti Sing Ora Dirageni. Para pangareping Imam lan para ahli Toret agi pada golet dalan arep nangkep Gusti Yesus aja nganti ketara, lan rencanane arep dipateni. 2Nanging rencana kiye aja nganti dilaksanakna nang sajrone riaya Paskah, soale mengko bisa ndadekna pasulayan lan rencanane bisa gagal.
Gusti Yesus diurapi karo minyak wangi

1
14/title.txt Normal file
View File

@ -0,0 +1 @@
Pasal 14

View File

@ -264,6 +264,8 @@
"13-24",
"13-28",
"13-30",
"13-33"
"13-33",
"13-35",
"14-title"
]
}