Tue Aug 04 2020 23:52:10 GMT-0500 (Central Daylight Time (Mexico))

This commit is contained in:
bahasatech.indotengah 2020-08-04 23:52:10 -05:00
parent 3ef06c7390
commit b896fedb0e
5 changed files with 21 additions and 3 deletions

View File

@ -1,2 +1 @@
43Terus Gusti Yesus mrentah wong sing kena kusta kon lunga lan pepenget. 44Poma dipoma aja ngomong maring sapa bae, nanging temoni bae si Kiyai lang ngomong nek kowe wis bener-bener mari. lan aku arep syukuran nyembelah wedus kendit kanggo persembahan menurut prentah nabi Musa, utawane kanggo bukti yen aku bener-bener wis mari.
45Wong kuwe terus lunga lan ngomongaken nang ngendi-endi nganti Gusti Isa ora bisa mlebu nang sejrone kota, malah kudu tinggal ning tempat sing sepi supaya wong wong sekang ngendi-endi pada nyowani Deweke.
\v 43 Terus Gusti Yesus mrentah wong sing kena kusta kon lunga lan pepenget. \v 44 Poma dipoma aja ngomong maring sapa bae, nanging temoni bae si Kiyai lang ngomong nek kowe wis bener-bener mari. lan aku arep syukuran nyembelah wedus kendit kanggo persembahan menurut prentah nabi Musa, utawane kanggo bukti yen aku bener-bener wis mari.

1
01/45.txt Normal file
View File

@ -0,0 +1 @@
\v 45 Wong kuwe terus lunga lan ngomongaken nang ngendi-endi nganti Gusti Isa ora bisa mlebu nang sejrone kota, malah kudu tinggal ning tempat sing sepi supaya wong wong sekang ngendi-endi pada nyowani Deweke.

14
02/01.txt Normal file
View File

@ -0,0 +1,14 @@
\c 2 Gusti Yesus marikena wong lumpuh
Sawise pirang-pirang dina Gusti bali maring Kapernaum, wong-wong pada krungu nek Gusti nang omah. 2Dadi wong akeh pada kumpul nganti nang njero omah wis ora cukup, nganti lawang ngarep. Gusti mulangi wong-wong kebeh Sabda Allah. 3Ana wong-wong teka sing nggawa wong lumpuh digotong wong papat. 4Jalaran wonge akeh banget dadine ora bisa cedek karo Gusti, terus wong sing nggawa mbuka payon nang duwure Gusti Isa. Sawise bisa nggawe bolongan, terus amben sing dituroni wong lumpuh kae diduna. 5Ndeleng gedene kepercayane wong-wong kae, Gusti ngomong “Anak-anak-Ku, dosamu wis diampuni.”
6Nang kono ana para ahli Toret sing pada nggagas, 7Kepriwe wong kiye bisa ngomong kaya kuwe? Kue artine nyenyamah Gusti Allah. Sapa sing bisa ngampuni dosa kajabane Gusti?
8Ngerteni gagasane wong kae, Isa ngendika: Kepriwe kho nduwe gagasan kaya kuwe ning atimu? 9Endi sing luwih gampang ngomong karo wong lumpuh kae, Dosamu wis diampuni utawa ngomong: Ayo tangi, gawa klasane lan mlakuo? 10Nanging supaya kowe kabeh kudu ngerti, nek Putrane Manungsa nduwe kawenangan kanggo ngapurani dosa, banjur kanda karo wong sing lumpuh, 11Aku ngomong karo kowe, ayo menyat, njupuk klasane lan bali maring umahmu. 12Wong sing lumpuh menyat lan terus njupuk klasane, terus metu sekang omah lan malku nang ngarepe wong-wong kabeh. Dadina wong kabeh pada gumun, muji Allah, lan ngomong, Aku kabeh durung tahu weruh bab sing kaya kiye.
Gusti Yesus nimbali Lewi
13Gusti lunga maring dano maning lan wong-wong akeh nututi Deweke, lan diwulangi. 14Wektu Deweke nglewati, Gusti ndelok Lewi bin Alfeus, sing lagi jagongan ning kantor pajeg terus kondo karo deweke, Ayo melu Aku. Deweke menyat lan melu Gusti.
15Wektu Isa lagi madang ning omahe Levi para juru bea-cuke lan wong-wong sing dosa pada mangan karo Gusti lan murid-muride, jalaran akeh banget sing ndereki Deweke. 16Nalika para ahli Toret sekang golongan Farisi ndeleng Gusti Isa bebarengan karo juru bea-cuke lan wong-wong sing dosa kae, banjur pada ngomong karo murid-muride Gusti: Kenangapa Gurumu mangan bareng karo juru tagih pajeg lan wong-wong sing dosa? 17Yesus krungu pitakone kae terus njawab, wong sing sehat ora butuh dokter nanging wong sing lara bae. Aku teka orang nggo ngundang wong sing nganggep dirine mursid nanging wong sing nganggep dirine dosa.
Bab puasa
18Wektu dina kue penderek-penderek Yohanes Pembaptis lan wong-wong Farisi agi pada puasa. Terus ana wong sing teka lan takon, “Kenangapa muride Yohanes lan muride wong Farisi pada puasa, nanging muridMu ora pada puasa?
19Yesus njawab, ”Wektu pesta ngijab, apa tamune pada puasa wektu pengantene esih bareng tamune? Sasuwene tamune esih karo pengantene, ya tamune ora puasa lah. 20Nanging arep teka wektune penganten lanang kue dipisah, lah pada wektu kue nembe kabeh kae pada puasa.
21Jalaran ora nana wong sing njahit gombal anyar nang busana sing wis tua, jalaran tambalane bisa rowek sekang busana tua kae, lan sowekane malah dadi amba. 22Ora nana wong sing ngisi anggur anyar ning kantong kulit tua, jalaran anggure bisa mbledosi kantonge lan anggure ilang. Dadi, sing lewih apik ya ngisi anggur anyar ning kantong anggur sing anyar.
Pitakon ngenani dina Sabat
23Wektu dina Sabat lewat nang kebon gandum, lan muride Yesus pada nyetuti gabah gandum lan dipangan. 24Wong-wong Farisi banjur pada ngomong karo Yesus: Jajal ndeleng kae, wong-Mu kae nglakoni barang sing ora ulih dilakoni wektu dina Sabat?
25Yesus njawab, Apa kowe durung maca apa sing dilakoni Daud wektu deweke lan wong-wong sing karo deweke kencot? 26Anggone mlebu maring omahe Gusti Allah wektu Abiathar esih kiyai agung, lan mangan roti sing wis disajenaken sing ora bisa dipangan karo sapa bae kejabane Imam, nanging deweke menehi para penderekke? 27Yesus ngomong, Sabat kuwe digawe kanggo manungsa, dudu manungsa kanggo Sabat. 28Dadi Putrane Manungsa kuwe Gustine dina Sabat.

1
02/title.txt Normal file
View File

@ -0,0 +1 @@
Pasal 2

View File

@ -53,6 +53,9 @@
"01-32",
"01-35",
"01-38",
"01-40"
"01-40",
"01-43",
"01-45",
"02-title"
]
}