Wed Aug 05 2020 00:32:10 GMT-0500 (Central Daylight Time (Mexico))

This commit is contained in:
bahasatech.indotengah 2020-08-05 00:32:11 -05:00
parent 8c12730b79
commit b7b805c306
6 changed files with 34 additions and 2 deletions

View File

@ -1 +1 @@
36Ora nggatekna sing diomongna wong-wong kae, Yesus ngomong maring lurah papan ibadah, “Aja wedi, ngandel bae.” 37Terus Yesus mlaku bae, nanging Yesus ora ngulihna wong liyane melu, seliane Petrus, Yakobus, lan Yohane sedulure Yakobus. 38Wektu Yesus mlebu omahe lurah umah ibadah, Yesus weruh kahanan sing semrawut lan krungu wong pada nangis sing seru.
\v 36 Ora nggatekna sing diomongna wong-wong kae, Yesus ngomong maring lurah papan ibadah, “Aja wedi, ngandel bae.” \v 37 Terus Yesus mlaku bae, nanging Yesus ora ngulihna wong liyane melu, seliane Petrus, Yakobus, lan Yohane sedulure Yakobus. \v 38 Wektu Yesus mlebu omahe lurah umah ibadah, Yesus weruh kahanan sing semrawut lan krungu wong pada nangis sing seru.

1
05/39.txt Normal file
View File

@ -0,0 +1 @@
\v 39 Terus Yesus mlebu lan ngomong maring wing sing pada nangis, “Kenang apa pada semrawut lan pada nangis? Padahal bocah kuwe ora mati nanging lagi turu.” \v 40 Wong-wong sing ndenger ngguyoni Yesus. Terus Yesus mrentah wong-wong kon pada metu kabeh. Terus Deweke nyengi rama lan biyunge bocah kue lan kae sing teka karo Deweke, lan mlebu nang kamare bocahe.

1
05/41.txt Normal file
View File

@ -0,0 +1 @@
\v 41 Gusti Yesus nyekel tangane bocah kue karo ngomong maring deweke, “Talita kum, ” sing artine, “Bocah wadon, aku ngomong maring kewe, ayuh menyat. \v 42 Bocah wadon kue terus menyat lan mlaku jalaran deweke wis umur rolas tahun. Wong-wong sing nyekseni kedadian kae bada gumun. \v 43 Nanging Yesus menging aja nganti ana wong sing krungu bab kiye. Terus ngongkon supayane bocah kue kon madang.

25
06/01.txt Normal file
View File

@ -0,0 +1,25 @@
\c 6 Gusti Yesus ditampik ing Nazaret
Sawise kae Gusti Yesus bareng karo penderek-penderekke mangkat maring desa asale dewek. 2Wektu dina Sabbat/Minggu Deweke mulang nang umah ibadah, lan wong akeh sing ngrungokna pada gumun. Wong-wong kae ngomong, “Sekang ngendi wong kiye ulih ajaranne?” “Kewicaksanan apa sing diwnehi Gusti Allah maring Deweke?” “Mukjijat-mukjijat apa kiye sing diduweni Deweke?” 3Apa kae dudu tukang kayu anake Maria, lan sedulure Yakobus, Yoses, Yudas lan Simon?” Apa sedulur-sedulure wadon ora nang kene?” Banjur kabeh kae pada nolak ajarane Gusti Yesus.
4Terus Gusti Yesus ngomong karo wong-wong kae, ”Nabi kae nang ngendi-endi diajeni, kejabane nang panggonan asale lan karo sedulur-sedulure, lan nang umhe dewek.”
5Mulane nang kana Deweke ora bisa nggawe apa-apa kejabane nempelna tangane nembani wong sending tok. 6Ndeleng wong-wong sing ora percaya Gusti Yesus dadi gumun. Terus Deweke keliling ndeso mulangi.
Gusti Yesus ngutus rolas muride
7Yesus ngundang kerolas muride lan pada dikongkon loro-loro lan diwenehi panguwasan kanggo ngilangna demit. 8Gusti Yesus melingi supaya ora nggawa apa-apa nang ndalan kejaba teken. Aja nggawa roti, aja nggawa tas, lan ora ana sing disimpen nang sabuke. 9Ulih nganggo trumpah nanging ora ulig nggawa klambi rangkep. 10Gusti ngomong, “Nek kowe ditampa nang omah, manggon bae nang kana nganti wektune lunga maning.” 11Nek ana sing ora nampa utawa ngrungokna, wektu kowe ninggalna panggonan kae, ketabna lebune sing nang sikilmu, minangka seksi marang wong-wong mau.
12Para Rasul mangkat lan mulangi supaya wong-wong pada nyingkur karo dosane. 13Para Rasul pada nundung setan, ngurapi karo lenga lan marasna wong sing loro.
Matine Yohanes Pembaptis
14Sang Herodes krungu critane Yesus jalaran jenenge wis kondang. Wong akeh pada ngomong, ”Yohanes pembaptis wis diuripna maning mulane panderek Yesus kae nduwe kasekten.”
15Wong liyane ngomong, “Deweke kuwe Eliyah.” Esih ana maning sing ngomong, ”Deweke kuwe Nabi, kaya Nabi nalika jaman biyen.”
16Sawise sang Herodes krungu deweke kanda, ”Yohanes, sing endase tek sembeleh kae wis urip maning.”
17Jalaran sang Herodes kae sing ngirim prajuriten kon nangkep Yohanes lan dilebokna ning penjara, jalaran Herodias ngrabeni bojone Filipus sedulur lanange. 18Jalaran Yohanes kanda marang sang Herodes, ”Ngrabeni bojone sedulur lanangmu kuwe ora sah.” 19Mulane sang Putri Herodhias ngancem Nabi Yohanes lan kepengin mateni deweke nanging ora bisa. 20Jalaran sang Herodias wedi karo Yohanes, lan ngerti nek deseke kuwe wong sing mursid lan suci. 21Akhire Herodias ulih kesempatan nang dina ulang tahune Herodes: wektu kuwe sang Herodes nganakna pesta kanggo para penggedene para opsir-opsir lan para penggedening tanah Galilea. 22Wektu kue Putrine Herodias mlebu lan nyuguhi para tamune jogetan sing nggawe atine Herodes lan tamu-tamune nangti bungah. Sang Herodes kanda maring bocah wadone, “Njaluk apa bae sing dikarepi kowe lan arep tek wenehi.” 23Sang Herodes nggawe sumpah maring bocah wadone, ”Njaluk apa bae arep tak wenehi nganti separone kratonku.”
24Bocah wadone metu lan takon maring mboke, “Apa sing arep tek jaluki sekang deweke?” Ibunea ngomong, ”Endase Yohanes Pembaptis.”
25Bocah wadone enggal-enggal maring pendapa sang Herodes lan kanda, ”Saiki aku nduwe endase Yohanes Pembaptis nang baki!”
26Krungu panjalukane, sang Herodes dadi sedih/nlanga, nanging jalaran wis sumpah lan nang ngarepe para tamu, deweke ora bisa nolak janjine. 27Dadi Herodes terus mrentah pengawale kon nggawa ndase Yohanes. Prajurite lunga nang penjara lan nyembeleh Yohanes. 28Deweke nggawa ndase Yohanes nang baki, banjur diwehna maring bocah wadon kuwe lan diwehna maring mamake.
29Sawise krungu, penderek Yohanes teka lan njupuk mayite lan terus diturokna nang sejeroning kuburan.
Gusti Yesus maring mangan lima ngewu wong
30Para Rasul pada kumpul bareng-bareng karo Yesus, lan nyritakna apa bae sing wis dilakoni lan diwulangna. 31Terus Yesus kanda, “Ayo lunga nang panggonan sing sepi, ben Aku karo kowe kabeh bisa dewekan, lan ngso sedela.” Jalaran pancen akeh banget wong-wong sing pada lunga-teka nganti ora kober mangan. 32Banjur Gusti Yesus mung karo muride pada mangkat nunggang prahu maring panggonan sing sepi. 33Nanging wektu Gusti Yesus karo muride mangkat, wong-wong akeh pada weruh lan kenal sapa kae. Wong-wong sekang kota-kota pada mlayu-mlayu liwat jalan darat lan teka disiti Gusti Yesus karo muride. 34Sawise Yesus medun sekang prahu, deweke weruh wong akeh kae, atine krasa melas, jalaran wong akeh kae kaya wedus sing ora nana pangone. Terus Yesus molai mulangi wong akeh kae perkara/bab sing werna-werna. 35Bareng wis wiwit peteng para Rasul nekani Yesus lan ngomong, ”Kiye panggonan sing sepi lan wish arep mbengi.” 36Kongkon wong wong kae kon lunga nag ndesa lan tuku panganan kanggo deweke kabeh.” 37Nanging Gusti Yesus mangsuli:”Kowe wenehi panganan kanggo dipanga.” Para Rasul kanda maring Deweke, “Wah, aku kabeh kudu lunga tuku roti rong atus dinar kanggo mangani wong sing akeh kae?” 38Gusti kanda maring Rasule, “Kowe duwe roti pira? Jajal dideleng.” Sawise dideleng para Rasul ngomong, “Roti lima lan iwak loro.”
39Banjur kongkong wong kabeh kae pada njagong gegombrolan nang pasuketan.
40Wong-wong kabeh pada njagong gegrombolan; ana sing nyatus, lan ana sing nyeket. 41Sawise Gusti Yesus njupuk roti lima lan iwak loro kae, Deweke tumgenga nang langit lan mberkahi rotine, dipetil-petil lan diwenehna aring para Rasul kon dibagi-bagi maring wong akeh. Wis sing loro kae didumna nganti ulih kabeh. 42Kabeh pada mangan nganti wareg. 43Lewihe rotine dikumpulna karo para Rasul, nganti rolas rinjing lan iwake barang. 44Sing mangan rotine kae limang ewu wong lanang.
Gusti Yesus mlaku nang duwur banyu
45Sawise kue Gusti Yesus ngongkon para Rasul cepet-cepet ndisiki nunggang prahu maring Betsaida, lan Yesus ngongkon wong-wong kabeh pada bali. 46Sawise wong-wong kae pada lunga Deweke banjur munggah maring gunung kanggo ngonga. 47Bareng wis mbengi prahune wis tekan nang tengah-tengah segara, lang Gusti Yesus dewekan nang darat. 48Gusti Yesus ndeleng rekasa melahi prahune jalaran nglawan angin. Kira-kira jam telu mbengi Deweke nekani murid-muride mlaku nang nduwure segara, arep ndisiki murid-muride, 49nanging wektu murid-muride ndeleng Gusti mlaku nang nduwure banyu murid-muride dikirane medi lan pada njerit, 50jalaran kabeh mau ndeleng Deweke lan pada wedi banget. Nanging Gusti Yesus terus ngomong, “Pada wani! Kiye Aku! Aja pada wedi.” 51Banjur munggah maring prahu lan nemoni para Rasul, angine menda, lan kabeh pada gumun banget. 52Jalaran muride kae ora ngerti sing kedaden karo roti, jalaran pikirane kae alon-alon ngertine.
Gusti Yesus marikena wong-wong mriyang nang Genesaret
53Bareng wis pada nyabrang, kabeh kae teka nang Genesaret. Terus prahune dijangkar. 54Nalika metu sekang prahu, wong-wong sing weruh terus kenal Yesus. 55Wektu krungu nek Yesus teka, wong-wong pada mlayu-mlayu maring ngendi-endi lan nggawa wong-wong sing pada lara, lan diusungi maring Yesus. 56Nang ngendi bae lungane Gusti Yesus, maring desa-desa, maring kota-kota, utawa maring pakampungan, wong-wong kae teka lan nggawa wong sing mriyang, kabeh pada njaluk ngemeki jubahe bahe wis bisa mari.

1
06/title.txt Normal file
View File

@ -0,0 +1 @@
Pasal 6

View File

@ -118,6 +118,10 @@
"05-28",
"05-30",
"05-33",
"05-35"
"05-35",
"05-36",
"05-39",
"05-41",
"06-title"
]
}