Wed Aug 05 2020 00:40:11 GMT-0500 (Central Daylight Time (Mexico))

This commit is contained in:
bahasatech.indotengah 2020-08-05 00:40:11 -05:00
parent 280687cca3
commit 10ed995de9
3 changed files with 14 additions and 1 deletions

1
06/23.txt Normal file
View File

@ -0,0 +1 @@
\v 23 Sang Herodes nggawe sumpah maring bocah wadone, ”Njaluk apa bae arep tak wenehi nganti separone kratonku.” \v 24 Bocah wadone metu lan takon maring mboke, “Apa sing arep tek jaluki sekang deweke?” Ibunea ngomong, ”Endase Yohanes Pembaptis.” \v 25 Bocah wadone enggal-enggal maring pendapa sang Herodes lan kanda, ”Saiki aku nduwe endase Yohanes Pembaptis nang baki!”

11
06/26.txt Normal file
View File

@ -0,0 +1,11 @@
\v 26 Krungu panjalukane, sang Herodes dadi sedih/nlanga, nanging jalaran wis sumpah lan nang ngarepe para tamu, deweke ora bisa nolak janjine. \v 27 Dadi Herodes terus mrentah pengawale kon nggawa ndase Yohanes. Prajurite lunga nang penjara lan nyembeleh Yohanes. 28Deweke nggawa ndase Yohanes nang baki, banjur diwehna maring bocah wadon kuwe lan diwehna maring mamake.
29Sawise krungu, penderek Yohanes teka lan njupuk mayite lan terus diturokna nang sejeroning kuburan.
Gusti Yesus maring mangan lima ngewu wong
30Para Rasul pada kumpul bareng-bareng karo Yesus, lan nyritakna apa bae sing wis dilakoni lan diwulangna. 31Terus Yesus kanda, “Ayo lunga nang panggonan sing sepi, ben Aku karo kowe kabeh bisa dewekan, lan ngso sedela.” Jalaran pancen akeh banget wong-wong sing pada lunga-teka nganti ora kober mangan. 32Banjur Gusti Yesus mung karo muride pada mangkat nunggang prahu maring panggonan sing sepi. 33Nanging wektu Gusti Yesus karo muride mangkat, wong-wong akeh pada weruh lan kenal sapa kae. Wong-wong sekang kota-kota pada mlayu-mlayu liwat jalan darat lan teka disiti Gusti Yesus karo muride. 34Sawise Yesus medun sekang prahu, deweke weruh wong akeh kae, atine krasa melas, jalaran wong akeh kae kaya wedus sing ora nana pangone. Terus Yesus molai mulangi wong akeh kae perkara/bab sing werna-werna. 35Bareng wis wiwit peteng para Rasul nekani Yesus lan ngomong, ”Kiye panggonan sing sepi lan wish arep mbengi.” 36Kongkon wong wong kae kon lunga nag ndesa lan tuku panganan kanggo deweke kabeh.” 37Nanging Gusti Yesus mangsuli:”Kowe wenehi panganan kanggo dipanga.” Para Rasul kanda maring Deweke, “Wah, aku kabeh kudu lunga tuku roti rong atus dinar kanggo mangani wong sing akeh kae?” 38Gusti kanda maring Rasule, “Kowe duwe roti pira? Jajal dideleng.” Sawise dideleng para Rasul ngomong, “Roti lima lan iwak loro.”
39Banjur kongkong wong kabeh kae pada njagong gegombrolan nang pasuketan.
40Wong-wong kabeh pada njagong gegrombolan; ana sing nyatus, lan ana sing nyeket. 41Sawise Gusti Yesus njupuk roti lima lan iwak loro kae, Deweke tumgenga nang langit lan mberkahi rotine, dipetil-petil lan diwenehna aring para Rasul kon dibagi-bagi maring wong akeh. Wis sing loro kae didumna nganti ulih kabeh. 42Kabeh pada mangan nganti wareg. 43Lewihe rotine dikumpulna karo para Rasul, nganti rolas rinjing lan iwake barang. 44Sing mangan rotine kae limang ewu wong lanang.
Gusti Yesus mlaku nang duwur banyu
45Sawise kue Gusti Yesus ngongkon para Rasul cepet-cepet ndisiki nunggang prahu maring Betsaida, lan Yesus ngongkon wong-wong kabeh pada bali. 46Sawise wong-wong kae pada lunga Deweke banjur munggah maring gunung kanggo ngonga. 47Bareng wis mbengi prahune wis tekan nang tengah-tengah segara, lang Gusti Yesus dewekan nang darat. 48Gusti Yesus ndeleng rekasa melahi prahune jalaran nglawan angin. Kira-kira jam telu mbengi Deweke nekani murid-muride mlaku nang nduwure segara, arep ndisiki murid-muride, 49nanging wektu murid-muride ndeleng Gusti mlaku nang nduwure banyu murid-muride dikirane medi lan pada njerit, 50jalaran kabeh mau ndeleng Deweke lan pada wedi banget. Nanging Gusti Yesus terus ngomong, “Pada wani! Kiye Aku! Aja pada wedi.” 51Banjur munggah maring prahu lan nemoni para Rasul, angine menda, lan kabeh pada gumun banget. 52Jalaran muride kae ora ngerti sing kedaden karo roti, jalaran pikirane kae alon-alon ngertine.
Gusti Yesus marikena wong-wong mriyang nang Genesaret
53Bareng wis pada nyabrang, kabeh kae teka nang Genesaret. Terus prahune dijangkar. 54Nalika metu sekang prahu, wong-wong sing weruh terus kenal Yesus. 55Wektu krungu nek Yesus teka, wong-wong pada mlayu-mlayu maring ngendi-endi lan nggawa wong-wong sing pada lara, lan diusungi maring Yesus. 56Nang ngendi bae lungane Gusti Yesus, maring desa-desa, maring kota-kota, utawa maring pakampungan, wong-wong kae teka lan nggawa wong sing mriyang, kabeh pada njaluk ngemeki jubahe bahe wis bisa mari.

View File

@ -131,6 +131,7 @@
"06-14",
"06-16",
"06-18",
"06-21"
"06-21",
"06-23"
]
}