jav-x-banyu_php_text_reg/03/17.txt

1 line
475 B
Plaintext

\v 17 Sedulur-sedulur, nyontoh uripku karo gatekna wong-wong sing urip pada kaya awake dewek. \v 18 Amargo kaya sing uwis kerep tek omongna karo rika, karo sing siki uwis tek ketona karo nangis, akeh wong urip ora gelem sengsara karo Isa Almasih. \v 19 Uripe wong-wong kaya kuwe arep diahiri karo kerusakan, merga sesembahane dewek kuwe kekarepane awale dewek. Bab-bab sing ngisini, malah kuwe sing deweke gedeaken; merga deweke mikirna bab-bab sing diulihna karo dunya kiye.