Wed Jul 22 2020 06:59:17 GMT-0500 (Central Daylight Time (Mexico))

This commit is contained in:
bahasatech.indobarat 2020-07-22 06:59:17 -05:00
parent 35f2c7dec8
commit 9500a8b84a
5 changed files with 17 additions and 2 deletions

2
01/01.txt Normal file
View File

@ -0,0 +1,2 @@
\c 1 Salam \v 1 Sedulur-sedulur umat Allah kabeh sing manggon nang Filipi, sing uwis nyawiji karo Isa Almasih. Sedulur-sedulur kue uga mimpin lan layanni umat! Inyong, Paulus karo Timotius kue abdi-abdine Isa Almasih, \v 2 penjalukku, moga moga Gusti Allah inyong lan rika karo Isa Almasih aweh rejeki karo ayem tentrem kanggo rika kabeh.
Dongane Paulus Kanggo Jema'at

8
01/03.txt Normal file
View File

@ -0,0 +1,8 @@
3Saben waktu inyong kelingan karo rika kabeh, inyong caos syukur karo Gusti Allah. 4Lan saben waktu inyong ndoaken sedulur kabeh, inyong sembahyang karo ati seneng. 5Inyong matur nuwun dateng Gusti Allah amargo wiwit dina sepisan tekan siki, rika kabeh uwis nulung inyong nyebar Kabar Apik kong Gusti Allah. 6Allah dewek sing ngawiti pegawean sing apik kue meng koe, karo inyong yakin kiyambake arep nerusna pegawean kue nganti rampung tekan dinane Isa Almasih teka maning. 7Pancen inyong duweni rasa kaya kue kanggo rika kabeh, mergane rika kabeh tetep edek nang atiku. Amargo rika kabeh melu nampa gareng-gareng inyong, kemurahan sing Allah weh na karo inyong: waktu inyong siki nang penjara utawa inyong nang jaba kue kabeh kanggo gelo lan ganduli keselamatan. 8Allah ngerti yen inyong kangen temenan karo rika khanti piwelas asih sako Isa Almasih.
9Iki ndongaku kanggo rika kabeh: moga-moga rika kabeh terus tresnani Gusti Allah lan karo sepadane lan terus tambah pengertian sing bener kara pandengan sing wijaksono. 10Dadi rika kabeh ngerti endi sing apik
lan ora, ben urip mu saleh, ora ana cacade karo ngetem-ngetem tekan Isa Almasih. 11Uripna rika arep keton perkara-perkara apik sing di gawe karo Isa Almasih; kanggo nyanjung lan ngluhurna Gusti Allah.
Urip Kanggo Kristus
12Inyong kepengin rika kabeh ngerti, yen perkara-perkara sing uwit di lakoni karo inyong dadekaken lewih akeh wong sing pada krungu lan ngandel karo Kabar Apik kue. 13Dadi uwis genah kanggo wong istana karo wong-wong karo kabeh, yen inyong di penjara amargo nglayani Isa Almasih. 14Ukumane inyong dadekna wong Kristen sing nang kutho dadi lewih mantab karo Isa Almasih, dadi wong-wong kue tambah kendel ngabarna sabdane Isa Almasih. 15Ana wong sing nyebar Injil due maksud ora apik, iri dengki, pasulayan, nanging uga ana sing nyebarken Injil kanthi maksud sing bener. 16Wong-wong kue ngkakokaken amargo tresna karo Gusti Allah, marga wong kue ngerti yen inyong nangkene ane merga Injil. 17Nanging nging ana wong sing nyebar Injil kanggo kepentingan awake dewek, karo maksud sing ora jujur. Anggape wong-wong kue nabah bebanku nang ukuman. 18Nanging ora apa-apa! Keprie kahanane, Isa kudu di wartakaken, kanthi maksud elek utawa maksud jujur, inyong tetep bungah. 19Inyong ngerti yen karo sembayange rika karo bantuan Roh suci, inyong arep dibebasne. 20Sing banget tak kepinging karo sing tek karepna yakue aja sepisan-pisan inyong wurung karo karep inyong sebalike inyong due pengarep ben sewen wektu, sing penting banget siku inyong dueni ati sing wani, dadi uripe inyong, awake inyong mati-uripe inyong junjung duwur Isa.
21Amargo menurut Inyong, uripku kanggo Isa, mati ya bejaku. 22Nek inyong kudu urip nang dunya kie, inyong bisa nglakokna gawean sing lewih ana gunane, inyong dewek ora ngerti endi sing kudu tek pilih. 23Inyong di gerat nganag-ngeneh. Inyong pengin banget ninggalaken dunya kie kanggo manggon karo Isa, mergane kue pilihan sing paling apik; 24ning kanggo kepentingan rika, pancen lewih apik nek inyong esih ana nang dunia. 25Inyong yakin karo perkara kue. Mergane inyong ngerti, nek inyong esih urip karo rika kabeh, inyong bisa nulung rika kabeh dadi tambah manteb, tambah bungah, tambah percayamu karo isa Almasih. 26Mulane, inyong nek bali meng rika, rika kabeh sing uwis ngawiji karo Isa Almasih tambah lewih seneng mergane inyong.
27Dadi sing penting siki, rika kabeh urip sing pas karo tuntunane Kabar Apik ngenani Isa Almasih kue. Dadi nek inyong ora teka inyong kue krungu, nek rika kabeh ngadeg jejeg sajroning Roh karo guyub rukun nggagas kanggo keyakinan sing tukul seka Berita Injil. 28Kudune rika kabeh terus wani, aja wedi karo mungsu-mungsue rika, nek kaya kue rika kabeh ngetoena nek wong-wong kue mesti arep kalah lan rika kabeh menang, merga Allah dewek sing aweh kemenangan karo rika. 29Merga Gusti Allah uwis anugerah karo rika nangging kanggo percoyo karo Isa ning kanggo melu kesusahane Isa. 30Siki rika kabeh melu karo inyong kanggo nglakone sing pada yakue sing rika kabeh tahu weruh nek inyongku tahu nglakoni biyen lan sing tetep tek lakoni tekan siki kaya rika kabeh siki uwis krungu.

1
01/title.txt Normal file
View File

@ -0,0 +1 @@
Pasal 1

View File

@ -1 +1 @@
F
FILIPI

View File

@ -35,5 +35,9 @@
"translators": [
"bahasatech.indobarat"
],
"finished_chunks": []
"finished_chunks": [
"front-title",
"01-title",
"01-01"
]
}