jav-x-banyu_1co_text_reg/12/21.txt

1 line
610 B
Plaintext

\v 21 Muka kue, mata ora bisa ngomong maring tangan,"inyong ora mbutuhna kowe!"utawa maning, siran udu sikil,"inyong ra mbutuhna kowe!" \v 22 Sebalike, anggota-anggota tubuh sing ketone lewih lemah sebenare sing lewih dibutuhna. \v 23 Lan anggota-anggota tubug sing inyong kabeh kurang pantes, malah di wei sing lewih pantes lan anggota-anggota tubuh sing inyong anggep kurang layak tampil, kudu di gawe kanggo lewih layak tampil. \v 24 Merga, bagian-bagian sing wis pantes nggo digawekna ora diperlukna maning. Nangin, Gusti mpun ngaweni penghormatan sing lewih gede kanggo bagian-bagian awak sing kekurangan.